468x60 Ads

TUGAS PRANATA ADI CARA TEDHAK SINTEN DAN SIRAMAN
DI SUSUN OLEH :

NAMA : AZIS GHAZALI WACHYUDI PUTRA
KELAS : IX-7
NO : 05
PRANATA ADI CARA TEDHAK SINTEN

Pembuka

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wa Barokatuh ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh , ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih , ingkang kinurmatan bapak ustad , para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi , ingkang boten supe tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi  , para rawuh kakung putri ingkang minulya . Mangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya , karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula saengga kanti kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika nembe pinaringan kanugrahan momongan enggal.

Salajengipun saderengipun kita purwakani , kula ingkang kajibah supados ndherekaken adicara punika keparenga kula maosaken rantamaning adicara inggih kados mekaten.
1)  Ingkang sepisan pambuka , ngancik adicara kaping loro
2)  Atur pambagyaharja , ngancik adicara kaping telu
3)  Prosesi saat anak menginjak bubur pitung werna , ngancik adicara kaping papat
4)  Prosesi saat anak menaikki tangga , ngancik adicara kaping lima
5)  Prosesi saat anak di masukkan dalam kurungan , ngancik adicara kaping enem
6)  Prosesi saat anak memilih salah siji barang , ngancik adicara kaping pitu
7)  Prosesi saat orang tua udik – udik’an , ngancik adicara kaping pungkasan
8)  Prosesi saat anak di mandikan kembang
9)  Penutup

Ngancik adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, mangga kula saha panjenengan sedaya purwakani acara punika kanthi ngaturaken dedonga wonten ngarsanipun pengeran kanthi waosan Al-Fatehah. .........................................
Matur nuwun mugi-mugi kanthi dedonga kalawau adicara punika saged kalampahan kanthi sae mboten wonten alangan setunggal punapa. Dhungkap adicara salajengipun inggih punika pambagyaharja.Dhumateng pajenenganipun ............. kula sumanggaaken.

Penutup
Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara , milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula , mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih smodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya , labeb budi daya manungsa. Nuwun.

PRANATA ADI CARA SIRAMAN

Pembuka
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wa Barokatuh ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh , ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih , ingkang kinurmatan bapak ustad , para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi , ingkang boten supe tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi  , para rawuh kakung putri ingkang minulya . Mangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya , karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula saengga kanti kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika nembe pinaringan kanugrahan momongan enggal.

Salajengipun saderengipun kita purwakani , kula ingkang kajibah supados ndherekaken adicara punika keparenga kula maosaken rantamaning adicara inggih kados mekaten.
1)  Ingkang sepsian pambuka , nganti adicara kaping loro
2)  Kalih atur pambagyaharja , nganti adicara
3)  Kaping telu sungkem marang wong tuwa , nganti adicara
4)  Kaping papat sungkem marang kakek lan nenek , nganti adicara
5)  Kaping lima paring tirto makambang , nganti adicara
6)  Kaping enem yaiku , acara siraman , ngancik adicara
7)  Kaping pitu pecah kendi , nganti adicara
8)  Kaping wolu tegas rikmo , nganti adicara
9)  Kaping songo tanem rikmo , nganti adicara
10)            Kaping sepuluh dodol dawet , nganti adicara
11)            Kaping sewelas tumpeng robyong
12)            Penutup

Ngancik adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, mangga kula saha panjenengan sedaya purwakani acara punika kanthi ngaturaken dedonga wonten ngarsanipun pengeran kanthi waosan Al-Fatehah. .........................................
Matur nuwun mugi-mugi kanthi dedonga kalawau adicara punika saged kalampahan kanthi sae mboten wonten alangan setunggal punapa. Dhungkap adicara salajengipun inggih punika pambagyaharja.Dhumateng pajenenganipun ............. kula sumanggaaken.

Atur pambagyaharjo
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula minangka talanging basa [duta saraya sulih sarira] saking panjenenganipun Bapa Y sekalihan kanthi suka bingahing manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur sagung para tamu ingkang sampun kersa hangrawuhi pahargyan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, dene hajatipun Bapa Y sekalihan anggenipun hamengku gati, ndaup-aken putranipun ingkang sesilih N sampun kalampahan dhaup kaliyan bagus M putra kakungipun Bapa X, rikala dinten …………….. surya kaping ……………… wanci tabuh ……………. wonten ing …………………….., kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kaleksananing pahargyan punika karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangentengaken sesanggeman. Ingkang punika panjenenganipun Bapa Y sekalihan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Mugi sih kadarman panjenengan sami dadosa sarana sih sutresna, saengga pikantuka leliru ingkang satraju miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Bapa Y sekalihan neda sih panarima panjenengan sami, kersaa paring donga pamuji pangastuti. Mugi-mugi sri penganten sekalihan sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh, sageda atut runtut dumugining kaken kaken lan ninen ninen, rahayu widada kalis ing sambekala. Mugi-mugi sri penganten sekalihan enggal pinaringan momongan ingkang bekti dhumateng Gusti, rama ibunipun, lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng negari lan bangsanipun murakabi dhumateng bebrayan agung..........

1)  Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung...................... kanthi kebak ing pangati – ati , sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu . Ancles kadya siniram tirta sawindu , mahanani , ayem , tentrem sajroning nala.
2)  Ing kaping kalehipun , kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci , age – age marepegi ingkang putra/putri . kebal ing sutresna , jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri . Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.
3)  Salajengipun keparenga ingkang Eyang , nun inggih Eyang......................... paring pangestu dhumateng wayah , kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi . Ketang tresnanig eyang marang wayah , sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu . Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem , tentrem , kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4)  Katuran dumateng..................... Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan . Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5)  Katuran dumateng ibu.......................... paring jamas pasiraman , mugi Calon pinanganten putra/putri segeta nderekaken sun tuladanaipun ibu.......................
6)  Keparenga ibu................................ mugi calon pinanganten saged mulad mring ibu............................
7)  Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu................... paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman , mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman . Mugi – mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinangantin ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama . Mawantu – wantu Bapak/Ibu.......................... ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan , Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

SESUCI MECAH KENDHI
Saklajengipun Bapak....................... parang toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala . Kendhi wus ngarani wadhah , pratala ateges lemah . Ilining toya boten pedhot mratandahani . Sempulur ing karahayon , sempulur anggenipun kagungan kersa , sempulur ing sandang , boga , donya brana . Kanthi sesucen menika , mugi – mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib , kalis ing godha rencana , kalis ing sambikala , hamung rahayu kang bakal tinemu.

PANGKAS RIKMA
Titi laksana salajengipun nun inggih Bapak............................. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri .
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku , muga – muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu , wilujeng , rahayu , wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma windhah ing bokor , tinampi dening ingkang ibu . Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa.

PONDHONGAN
Rama kakung tumindak bopong pungkasan , ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopog putra/putriku , iki dadiya bopong kang pungkasan , sabanjure putra/putriku bisa bawa priyangga urip tembayatan karo garwamu , kacukupan ing sandhang boga , bisa nemu mulya lan raharja”.

NANEM RIKMA
”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku , kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem , hamung thukala kabecikan tumraping bebrayan , rahayu , widada , nir ing sambi kala”.

DULANG PUNGKASAN
”Niat ingsun ndulang putra/putriku , pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan . Ing sabanjure putra/putriku bisa madeg ing pribadine dewe , nampa kanugrahaning Gusti , dadiya pangayoman sasama , sempulur ing salawase , widada , nir ing sambi kala”.

SADE DHAWET
Kawuryan Bapak/Ibu......................... sampun miyos saking panti . Ibu............................. ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet . Dene ingkang garwa nenggih Bapak......................... ngasta songsong , kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa . Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pangayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tintah wadon ayem , tentrem , kalis saking was sumelang.
Sarwa – sarwi Ibu.......................... mundhut dhawet , dhawet kaaturaken Bapak........................
”Bapakne , piye rasane ?”
”Enak tenan , Bune”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet , dadya pratandha kalamun ing dinten benjing , rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa – sarwi mirah , hanggenira Ibu......................... sade dhawet , dhawete ayu , manis ing rasa , mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet . Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa , samya suka ing nala.
Kajawi punika , sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih Bapak/Ibu........................... suka dene mring sesami . Satemene sapa wonge murah mring sasama , bakal pianringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika , mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati , ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bapak/Ibu.................................

Penutup
Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara , milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula , mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih smodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya , labeb budi daya manungsa. Nuwun.

0 komentar:

Posting Komentar